SUBA SITA & NGAJENI MARING SING LEWIH TUA

SUBA SITA & NGAJENI MARING SING LEWIH TUA

Kulanuwuuun….
Sewise nyore bubar ‘isya, enyong metu sekang ngumah temuju maring warung klontonge pak Supyan sing biasa pada nggo juguran. Kanca batir pada seneng juguran neng ngkono merga panggonane pancen kepenak, kejaba nggone padang uga neng iring kiwe tengene warung ana bangku dawane. Merga saben ndina nggo jagongan, bangku sekang kayu alba mau kosi klimis, meling kaya de-pernis.
Tekan nggone, wis kumpul ana wong wolu sing banene agi pada kandah buket mbleketaket kambi pada ngguyu kosi latahan. Kaya biasane, sing agi de-tanggap ora liya-liya ya kang Rasmad sing separag-parage pancen merguyokna.
Agi rame-ramene pada kandah, ijig-ijig mak srusut ana bocah lanang loro sing nunggang pit motor  boncengan, mandeg neng ngarep warung. Ari ndeleng dedeg kambi perainane, bocah loro mau umur-umurane antara nembelas taunan.Rumangsa ana wong loro sing boncengan pit motor mandeg neng ngarep warunge, pak Supyan dadi gumregah menyat medek niat takon mbok menawa agepan tuku.
Tegin neng nduwur motor, helm cakil-e ora de-copot banjutan mesin motore uga ora de-sipet, bocah lanang sing neng ngarep takon kambi tangane acung-acung. Weruh ayakuwe, pak Supyan dadi mangsuli, suwarane seru : “Geh Mas, kuwe mesin motore de-sipet dimin, inyong ora krungu…!”. Krungu pak Supyan wangsulan ayakuwe, bocah mau dadi nyipet mesin motore. Deweke banjutan medek sewise se-urunge nyanthelna helm-e dimin neng kaca spion. Sing mbonceng, rumangsa ora kepenak ndeleng kahanan sing ayakuwe, banjutan melu bae mudun sekang motor. Sewise motor de-standar miring, deweke banjutan melu medeki pak Supyan, ngadeg neng iring tengen mandan mburi semending bocah sing pertama mau.
Merga lampu neone warung padang, dadi ulate bocah loro mau katon njelag pisan.Bocah sing pertama raine katon mandan pucet celilian, bosa batire sing de-boncengna ora patiya. Sekal kabeh wong sing agi pada juguran meneng, ngenteni kira-kira bocah mau agepan ngomong apa.Tanggap ing sasmita, rumangsa melas ndeleng bocah mau, kambi ngguyu semringah kon sangkane kahanane dadi ora kaku, pak Supyan banjutan ngomong : “Kepriwe Mas..?. Banene agi kebingungen nggolet alamat apa ya…?”. Bocah mau banjutan ngomong yen deweke agi nggoleti umaeh batire sing arane Anton Pratama bocah RT 12.
Kebeneran tegin se-erte kambi pak Supyan, dadi nidoki yen menawa umaeh kuwe sekang lurung jejer warung meng ngidul kosi notog pertelon lurung, ngetan semending ana umah sing banone kuning gading. Ngrungokna ketrangan sing cetha mau, bocah sekeloron manggut-manggut. Mbok menawa kanggo gentine maturnuwun kambi njaluk ngapura merga temindake sing sembrana mau, seurunge pamit bocah mau banjutan tuku udud Mild sing paling larang regane sisan rong wungkus, dadi siji edang kambi batire.
Selungane bocah loro mau, mas Henggar sing awake gede tur kliwiran rambute katon wis ora kuwat nahan medegele, kambi gempung banjutan ngomong : “Ari enyong sing dadi mas Supyan, mau tek jorna ora tek wangsuli apamaning tek tidokna. Wajiba inyong gelem mangsuli, paling tek slenthakna maring pontong kulon desa kon sangkane koleng, dadi kawus ora maning-maning. Ora de-ayakuwekna mengko ya dadi tuman. Bocah wingi sore bae koh polaeh wis pethatha pethithi gemagusan ora ngajeni kambi wong tua, ora nana suba sitane setengi-tengia…!
Memper kaya gendul sing isine banyu soda, sewise sumpel tutupe kebukak banjutan bae isine metu kabeh karepe dewek. Semana uga kanca batir sing agi pada juguran, krungu ukarane mas Henggar mau, rumangsa uneg-uneg-e pada, sekal kabeh dadi pada ngomong. Sedela bae kahanane dadi rame pisan memper kaya pasar tiban, pendeken gayeng reyang pating cemroet.
Lagi gayeng-gayenge pada kandah ngrembug bocah sing ora duwe suba sita mau, ijig-ijig kang Rasmad ngomong : “Enyong tah mbenerna temindake mas Supyan mau. Jenenge aweh ketrangan maring wong sing agi kebingungen kuwe ya klebu sodakoh lan bakale nampa piwales sekang Gusti Alloh. Malah mau piwalese kontan ora ngenteni liya wektu. Buktine, gole dodol rokok mau mbokan sekal payu rong wungkus?”
Krungu tembunge kang Rasmad, kanca batir sing agi pada neng ngkono sekal pada gemuyu latahan.Delepe ana sing nylemod ngomong : “Wah, mas Supyan ke-cemes neng kang Rismad, kalah siji ndol kuweh…!”.Kaya geni murub de-siram latung dadi sengsaya gede urube, semana uga kanca batir sing agi pada gemuyu dadi tambah gemlagak maning gole pada gemuyu. Mas Supyan sing rumangsa agi kecemes mung bisa gemuyu kecut, raine abang. Sewise deweke mau gawe bocah enom dadi isin celilian, siki gari gentenan deweke sing isin celilian.
Sejrone kanca batir agi pada gemuyu, enyong dadi mikir ngemuti jaman agi cilik. Jaman semana, ajamaning maring wong  sing lewih tua kacek puluan taun. Agi maring kakang kelas bae ngajeni, apamaning maring pak Guru. Ari duwe salah banjutan kosi de-thothok kambi tuding sekang pring ‘kasil prakarya-ne’ murid dewek, ora bakale agepan mbanggel nglawan utawa wadul maring wong tuwane. Sing ana ya rasa isin, wadul maring wong tua-ne wedi, mbokan malah sengsaya domeih. Lha bosa siki…? Tek akoni bocah siki lewih pinter-pinter, tur maning ya lewih gede duwur dedege merga kecukupan gizine. Naminge ari tumrape inyong soten, jeneng pinter thok kuwe ya ora cukup, ari ora duwe suba sita ora bisa ngajeni maring sing lewih tua. Inyong jane sokan dadi mikir koh bisa dadi ayakuwe ya…:? Kadang inyong jane agepan takon, naminge bingung kudu takon meng sapa…

“Kang Samin meng nJakarta, nggawa watu de-wadaih bumbung”.
Cukup semene dimin gole crita, liya wektu bisa de-sambung…

“Lawueh welut segane pera”.
Salah luput njaluk ngapura…

Pareeeng…

ORA GELEM SMS

Rejane jaman, siki persasat kabeh wong wis pada duwe hape. Ora preduli kuwe wong mlarat apa konglomerat, tukang tandur utawane direktur, bakul dara neng pasar kewan apamaning anggota dewan. 
Kena de-arani, ari de-kon ngitung antarane sing duwe kambi sing ora, kaya-kayane akeh sing duwe.
Malah mbosanu sokan pada duwe lewih sekang siji, jere kira-kira bisa ngomong kambi sing nomere pada, kon sangkane murah taripe.
Ora keri, tanggane enyong sing jenenge Paijo uga duwe hape, sing tembeke tuku rong minggu kepungkur.Sepete duwe hape, gole mlaku dadi mandan ndegeg, rumangsane wis gagah pisan.Pendeken wis ora ketinggalan kambi kanca batire maning.
Tapi yakuwe, deweke ora tau sms. Dadi sedela-sedela deweke tilpun ari kepengin ngerti kabar kanca batire.

Ngerti ayakuwe, batir-batire dadi pada ngomongi, klebu si Panjul sing ora bosen-bosen gole ngomongi.
Panjul : "Paijo, ujarkua enyong saben weruh ko lha sedela-sedela tilpun ya? Ari ayakuwe carane, pulsane ya boros pisan dadine...! Jane, ari ora patiya penting mending sms bae mengko dadi irit...!"

Kambi siraeh ndingkluk, raine mandan abang merga isin, si Paijo semaur tapine lirih.
Paijo : "Telaha inyong agepan nulis, naminge inyong wedi mbokan pada ora bisa maca, merga tulisane inyong ala mboa..! Mbokan ko ya ngerti yen menawa inyong kuwe toli ora tamat SD acan...?"